Jumat, 13 Maret 2015

TIDURPUN AKU CICIL...ALIAS KRIDIT.

    Sing arane mati kwe ora pada karo turu.
Kye contone inyong,turu baen bisa tak cicil alias tak kredit.
Sing arane wong turu ora kudu neng kamar,sing ana amben,kasur karo bantal.
Kuncinewong turu kwe ya ngantuk alias arip,,angger wis arif alias ngantuk ya turune gampang.
Yen wis ngantuk angel turu,berarti angger wetenge ora mgelih apa kencot,ya mesti baen pikirane lagi gemrungsung. Mesti miki barang kang ora penting alias namung khayalan utawa pengangen angen.
Wong turu kwe udu mati.  Sebab bakal ngluilir lan tangi maning. terus bisa turu maning kapan wayahe ngantuk. Mulaneng wong turu kwe ya esih urip, men uripe gampang olehe pan turu kudune wetenge wareg.lan aja akeh khayalan sing ora nggenah< Sebab urip kwe kenyataan ora sekedar hamung impen,
Saisi aweke dewek kudu kendel lan wani nlakoni urip. Susah apa sengsara, kepenak apa bahagia.
Tetep kudu dilakoni kelawan ttatag lan wani.
Wani nanggung resikone wong urip,wani tanggung jawab karo sing gawe urip...Sebab tanggung jawabe dewek marang sing gawe urip ora bisa diwakilaken, mbuh kwe perkara sing apik apa perkara sing ora apik . Pahala/ganjaran amal sing apik. Dosa ganjaran amal sing ora apik tetep ditanggung dewek. Nora bisa diwakili apa maning di tebus daneng wong liya. Ora bisa !!!
Mulaneng urip aja urip uripan,Angger wegah urip mendingan mati. Angger wegah mati ya urip sing temenanan.....angger ngantuk? ya gaiyan turu. ora usah ndeleng neng ndi panggonan.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar