Ki Keling lagi sibuk adol pring kanggo sangu acara ketemu para priyayi neng kota Semarang ,minggu terakhir wulan iki. Ujug ujug hp ne Ki Keling moni....
"haloo,sabily trevel?kye Ki Keling ya...?" suara neng hape sekang wong sing telpon.
"ya mas...kye Keling,sampeyan sapa?jawab Ki Keling semringah.
"Warno mas,..wong Beluk,inyong arep pesen trevel nggo mangkat mengko sore, inyong tok, pesen jok ngarep sebelah supir ya mas?"
" ohh..kang Warno,bisa kang...tapi angger nang ngarep mbayare dobel kang!" jawab Ki Keling.
Warno "ya wis ora papa..ngarep dikosongi tak bayar telu mas, men madan nyaman "
Ki Keling "oke sip...ngko mangkate bar maghrib ya kang? tapi ngomong ngomong sampean meng Jakarta apan apa sih?mbok sampean wis suwe ora weruh Jakarta?? mbokan ilang heheheh " Ki Keling mangsuli Warno karo guyon merga pancen wis kenal suwe, malah gemiyen tau nyupir bareng se perusahaan.
Warno "pokoke lagi ana misi khusus lan rahasia...mben yen berhasil sampeyan tak critani.."
Ki Keling nutup telpon terus nyambung pegawean sing sempat mandeg sawetara, Tekan sore Ki Keling siap siap narik trevel ,mangkat maring Jakarta. Sedawane perjalanan Ki Keling karo Warno cerita ngalor ngidul. Karo guyan,
Warno " mas gemiyen lagi sampeyan nganter si Rebek anake yu Runtah mudune ngendi ya?..kae lho tanggane inyong sing ayu tur imut imut.."
Ki Keling karo nyupir karo ngeling eling,nyatane wis suwe pisan. Seprana seprene kayane wis ana patang taun. tur ya awit mangkat ora tau balik maning..
Ki Keling " yen ora salah tah neng daerah jembatan dua apa Jelambar, ngampurane kang wis kelalen"
Warno " ya wis ra papa...ngko inyong mudun nang daerah Jembatan dua bae...."
Tekan tujuan Warno mbayar trevel sesuai karo janjine,mbayar ongkos 3 jok.malah ditambahi rokok.
"makasih ya kang ....ngati ati mbok ilang heheheheeh..angger bingung bin keder telpon inyong " pesen Ki Keling karo ngesak duwit ongkosan trevel. Terus trevel jalan maning nganteraken penumpang liyane. Mubeng mubeng muteri ambane Jakarta.
Warno mampir neng lang rokok,bar tuku rokok nglanjutaken nerusaken misi rahasiane, Gendal gendol nyangklong tas, Gemagah nganggo topi laken ala koboi.,mung ya tetep Warno wong desa sing ndesani, Sandal Lily jepit tetep nemplok neng telapak sikile. Tujuan pertama maring lokalisasi Kali Jodo, mutar muter,longak longok kaya wong ilang lan kaya wong kesasar. Nyatane sing dadi tujuane durung ketemu. Takon mana mene. Akhire ulih informasi sekang salah sijine psk.
Warno ora mbuang buang waktu terus pesen taksi tumuju marang daerah Bekasi, Tekan kana sing digoleti ora ketemu, Olih info kon maring Blok M.Tekan Blok M sadawane dalan Falatehan diambah kabeh. Saben saben tempat hiburan dituju,mung durung juga berhasil nemoni sing dadi tujuane.
Wis telung dina Warno muteri Jakarta tempat tempat hiburan pengrasa wis diambah kabeh. Awit Kalijodo,Blok M,Kemang, Bintaro,Hayam Wuruk ,Taman Sari ning tetep durung ana kasile olehe nggawa misi rahasiane. Rasa pegel ,kuatir lan putus asa gawe semangate ilang blas. Untung baen kemutan pesene Ki Keling, terus Warno tilpun Ki Keling,
" halo mas Keling....ngampurane nyong pan melu takon,biasane yu Sariyem angger nggawa Meri (wanita penghibur } di kirim meng ndi ...?"takone Warno
"oh daerah Klapa Gading kang...pimen sih?sampeyan urung arep balik? kye mumpung inyong posisi neng Jakarta "jawab KiKeling.
Warno." durung mas,ngko yen aku balik li pesen trevele sampeyan maning...matur suwun mas informasine"
Sekang Kotta Warno ngenturit pesen taksi marang Klapa Gading. Neng tempat hiburan sing katone megah Warno mande, disawang tulisan sing gede ana hiasane lampu pating kerlop. KING ROSE.
Rasa minder lan ora pd wis dibuang blas,sing ana rasa percaya diri lan rasa tatag. mlebu njero tamune sing akeh wong asing. Utamane wong wong sekang Korea lan Jepang uga akeh wong pribumi lan Tionghao.
Tekan meja tamu Warno di suguhi album foto sing kandele ngungkuli komike SH MINTARJA. Selembar demi selembar dibuka,diawas awasi lan diemat aken. Sepisan pisan karo nglirik wong ayu ayu sing dipajang nang etalese,mirip boneka Barbie sandangane kurang ngisor nduwur.
Warno " yang ini mba..." karo nuding foto sing wis ora asing .
" oh,,,Anita om..yang ini tarifnya mahal,short time 2 jt, long time 5 jt " penerima tamu ngawasi Warno kanti rasa ora percaya, Tampang ndesa kuna kaya kiye apa jagane kuwat mbayar? pikire,
"oh..cuma segitu?oke ga apa apa saya mau ditemani Anita.nih langsung saya bayar....." Warno ngetokaken duwit 5 jt..kupret kye pelayan ,ndarani inyong ra duwe duwit apah? mbatin Warno rada ndongkol.
rumangsa kayong disepelekaken. Pelayan nampani duwit terus mlebu maring etalase. Metune karo Anita sing jan pancen ayu temenan. Praene mandan kaya wong indo.apa maning rambute disemir pirang kaya rambut jagung.
Ora kakeyan crita Warno ngamar dikancani Anita,sing katon gumun lan ora percaya. Anita ari nyawang Warno sekang sikil ngati tekan embun embunan. jiahhhh ndesa lan kuna..mbatine. Ra papa sing penting duwite,
Sedina rong dina ngati limang dina Warno terus terusan dikancani Anita, Bareng wis nginjak dina ke enem Anita wis ora tahan nahan rasa penasarane karo Warno.Sa suwene limang ndina Warno pancen apikan apa bae sing dijalok Anita di sembadani,baju ,hape lan sepatu uga mangan enak neng restoran ya dituruti.
Kaya dina kiye Anita njalok mangan neng restoran masakan Padang sing neng jalan Hayam Wuruk.Warno nurut bae. Tekan restoran Warno jan kaya kaya wong sing paling sugih sugiha dewek,pesen panganane sing neng kampung langka, Lobster,cah kangkung cumi,ngombene juss terong belanda. Sawetara ngeteni masakan dipesen Anita mulai takon takon
Anita " om kerjanya apa sih?tampang kampungan tapi duwitnya banyak? apa punya pohon duwit?jangan marah ya om.."
Warno " ah ndak apa apa neng ,om memang orang kampung...."
Anita " kampung mana om aslinya..?? .Anita tambah penasaran.
Durung sempat dijawab, pesenane anjog..
Warno "...ayo makan dulu lah...ntar abis makan kita sambung lagi obrolanya...
Warno karo Anita nerusaken madang..wis rampungan madang Warno tilpun Ki Keling.
Warno " halo mas,,,posisi neng Jakarta ora?tulung inyong dijemput saiki neng Restoran Padang Jalan Hayam Wuruk..."
"siap kang ,kebeneran kye lagi neng Roksi Mas...enteni ya paling 15 menit anjog mono." jawab Ki Keling
"om....pertanyaanku belum dijawab lho?kerja sampeyan dikampung apa? tanya Anita
Warno " sekarang saya kerja tani neng,kalau dulu mah supir.
Anita "masa sih om...Anita ndak percaya?memang kampung om dimana?
Warno "dengerin baik baik ya neng...sampeyan kan...?
durung sempet njawab Ki Keling wis anjog.
"kene mas..pesen mangan disit ya? ra sah kuatir tak bayar inyong ....kenalna kye mas Keling,,,Anita arane.."Warno katon tambah grapyak. Ki Keling salaman karo Anita,,karo menthelengi bae,Semana uga Anita ya pada baen mentheleng ari ndeleng ,mandeng Ki Keling ora kemedep."sapa yah...rasa rasane kayong kenal " wong loro ngremeng neng ati
Ki Keling pesen mangan Warno nerusaken ceritane..
Warno "...kyeh cah ayu...inyong kye man Warno sing Pemalang tanggane sampeyan ! sampeyan si Rebek anake Yu Runtah kan?..rungokaken ya,,,inyong nggoleti sampeyan nganti sejakarta tak ambah kabeh. niate arep aweh duwit 50 juta nggo sampeyan..anuu...
durung pragat Warno ngomong dicegat.daneng Anita sing kaget kaya disamber bledek. pucat lacat kulite, enggane diiris kayane ora metu getihe..
Anita" apa man.....???sampeyan Man Warno bojone yu Klumbruk?duh gusti pengeran.....
'. suarane Anita gemeter karo tangane mbabyag..
Warno nerusaken ceritane...." iya cah ayu..sedurunge inyong njalok pangampurane sing akeh...niate aweh duwit 50 juta,maring sampeyan,bareng ketemu inyong ketiwasan,pikirane inyong weruh sampeyan dadi ayu kaya wong Landa dadi ngalih..
Anita.."memange duwit apa man....??' ari takon karo matane ngeyembong kaya matane Yuyu
Warno" aja jengkel ya...kye duwit warisane sampeyan,mbonge sampeyan wis ninggal dunya,wong sakampung langka sing weruh,ngertine pak lurah ya mung inyong sing ngarti panggonane sampeyan,,lah duwit sing 50 jt,nggo mboking sampeyan 6 dina be wis genah 30jt,durung nggo blanjane barang barange sampeyan ,kye notane..kabeh gari 1 jt, ngko nggo mbayar mangan karo trevel wis pas,pragat rampung pung...."
" grubyagg.....................si Rebek alias Anita semaput,
Ki Keling sing lagi madang ngati kesanglat......
Keling'' Wedus Bandot kowe No !!!!.......licikk !! AKAL BULUS!!!!....
....
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.